menu

Aksara Jawa

Bismillahirrohmanirrohim
 SINAU AKSARA JAWA
( BELAJAR AKSARA JAWA )


Aksara jawa digunakake kanggo nulis tulisan Jawa. Ananging kudu pinter ngonceki tulisane. Yen maca ara tenanan bisa - bisa ora ngerti isine. Aksara Jawa iku cacahe 20.

Aksara Jawa

Sejarahe Aksara Jawa

            Kacarita ing jaman mbiyen ana salah siji neng Kraton Medhangkamulan, ana raja nduwe jeneng Dewata Cengkar. Prabu Dewata Cengkar iku watake serakah lan dhemen mangan daging manungsa. Anarga kasenengane mangan daging manungsa, nganti rakyate dipeksa setor upeti awujud manungsa. Krungu kegerigisan Prabu Dewata Cengkar, ana salah sijining satria jenenge Ajisaka pengin ngendekake kebiasaan sang raja. Aji saka nduweni 2 wong abdi sing setya banget jenenge Dora lan Sembada. Jero saben dalanan menyang Kraton Medhangkamulan, Aji Saka ngakaj Dora, lan Sembada tetep ning panggonan amarga kudu njaga siji pusaka sakti duwene Aji Saka. Aji Saka pesen marang Sembada, Supaya pusakane aja nganti diwenehake marangn sapa wae kajaba aku ( Aji Saka ). Sawise pirang pirang wayah, nganti Aji Saka neng Kraton Medhangkamulan sing sepi. Rakyat neng kraton kuwi wedi metu omah, amrga wedi dadi santapan rajane. AjiSaka cepet-cepet menyang kraton , dheweke celathu yen awake saguh didadekakesantapan Prabu Dewata Cengkar.
        Tiba ing dina Aji Saka arep dipangan karo Prabu Dewata Cengkar. Sakdurunge dipangan, sang prabu sanuli saguh ngabulake siji panjaluke saka Aji Saka. Aji Saka banjur njaluk lemah saamba kain surban sing dienggo ing sirahe. Krungu panjaluke Aji Saka, Prabu Dewata Cengkar mung gumuyu lan banjur ngiyakake. Mula dibukakake bebed kain surban panutup sirah Aji Saka.
        Aji Saka nyekel salah siji pucuke banjur pucuk sijine dicekel karo Prabu Dewata Cengkar. Aneh, jebul kain surban kuwi tambah gedhe dadine Prabu Dewata Cengkar kudu mlaku mundhur, mundhur lan mundhur nganti ning pinggir segara kidul. Aji Saka uga cepet gulung kain surbane dadi mbungkus awake Dewata Cengkar. Dewata Cengkar maleh dadi bajul putih. " Amarga kowe dhemen mangan daging manungsa, mula kowe prayoga dadi bajul, lan panggonane sing pas kanggo bajul yaiku neng segara". Mengkana ujare Aji Saka.
        Sawise wektu kuwi, kraton Medhangkamulan dipanggedheni karo Aji Saka. Aji Saka dadi raja sing wicaksana. Dumadakan Aji Saka eling karo pusaka saktine lan nggongkon Dora njupukke. Dora njaluk marang Sembada ananging Sembada ora gelem menehake pusaka kuwi, amarga eling pesenen Aji Saka. Mula kedadean adon - adon sing gedhe antarane Dora lan Sembada. Amarga nduweni elmu lan kesaktian sing padha, mula Dora lan Sembada mati bareng. Aji Saka eling pesene marang Sembada, uga Aji Saka nusul Dora, ananging abdi - abdine sing setya banget kuwi wis mati. Kanggo ngenang abdine sing setya Dora lan Sembada, mula Aji Saka nglestarekake nganngo tulisan kaya mengkene

            HA        NA        CA        RA        KA             ( ana utusan )
            DA        TA        SA        WA        LA             ( Padha suwala )
            PA        DHA     JA         YA        NYA           ( Padha digdayane )
            MA        GA       BA        THA    NGA           ( Padha dadi mayit )
            
Kapethik saka : Baboning Pepak Basa Jawa, Kanthi owahan sakperlune


Cara Menulis Aksara Jawa ( Tonton )

No comments:

Post a Comment